Babagan Blog iki

Maturnuwun wis mampir nok blog iki. Blog iki digawe kanggo sarana sedulur sinau maca aksara jawa. Aku sakjane yo prihatin amarga tulisan aksara jawa iku ya mung bisa ditemoni ana ing buku-buku basa jawa nok sekolahan. Paling ora yo akeh ditemoni nok kutha Sala lan Ngayogjakarta. Nanging sing baku yaiku, menawa tulisan aksara Jawa iku ora akeh ditemoni nok saben panggonan, isa wae suk kapan aksara Jawa iki bisa ilang. Ilang tegese dilalekake carane maca. Mulane blog iki digawe.

Nah, carane sinau ning blog iki yaiku disinauni kanthi alon-alon ora usah kemrungsung. Yen durung ngerti saka aksara dasar, yo kudu sinau dhisik wiwit aksara dasar utawa sing biasa diarani carakan.

Terjemahan :
Terimakasih sudah mampir di blog ini. Blog ini dibuat untuk sarana saudara belajar membaca aksara jawa. Saya sebenarnya prihatin karena tulisan aksara Jawa hanya bisa ditemukan di buku-buku bahasa jawa di sekolah. Paling tidak banyak ditemukan di kota Sala dan Yogyakarta. Tetapi yang utama adalah bahwa tulisan aksara jawa itu tidak banyak ditemukan di sembarang tempat. Bisa saja esok hari aksara Jawa ini isa hilang. Hilang artinya lupa cara membacanya, maka blog ini dibuat.

Nah, cara belajar di blog ini yaitu dipelajari secara pelan-pelan tidak usah terburu-buru. Kalau belum tahu dari aksara dasar, ta harus belajar terlebih dahulu dari aksara dasar atau yang biasa disebut carakan.

1 komentar: