Carane Nulis Aksara Jawa ing Komputer

Akeh kanca-kanca sing takon karo aku piye carane nulis aksara Jawa nganggo komputer. Mulane, saiki aku arep mbagi carane sing tak unduh saka internet. Tutorial carane nulis aksara jawa iki sejatine ditulis karo sedulur Budi Sayoga saka Purwokerto. Aku mung njaluk sapurane wae amarga aku lali nok endhi aku nate ngunduh tutorial iki.  Mugi-mugi tutorial iki bisa ngrewangi kanca-kanca ngerti carane nulis aksara Jawa ing komputer.

Carane nulis aksara Jawa nok komputer:

  1. Ngunduh dhisik font HANACARAKA nok kene
  2. Banjur diinstall ana komputer. Carane nginstall gampang banget, Copy file font HANACARAKA, buka drive C--> Windows-->Fonts, banjur di Paste ana kana.
  3. Yen arep nulis ana komputer, misal nganggo microsoft word, pertama pilih dhisik font HANACARAKA, ukurane, banjur diketik. Carane ngetik huruf-huruf iku diajarke karo mas Budi Sayoga ing tutorial ngisor iki:

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar