Minggu, 29 September 2013

Kantor Gubernur Jawa Tengah

Kudune pemimpin iku dadi contone rakyate. Mula yen kepingin aksara Jawa iki isih diugemi ana ing Jawa Tengah, ya kudune terus diuri-uri. Nguri-uri aksara Jawa iki bisa dilakoni nganggo cara nerapke aksara Jawa iku ana ing urip sadina-dinane. Upaya nguri-uri iki wis dicontokake karo Gubernur Jawa Tengah. Upaya iki bisa ditonton ana ing ngarep kantor Gubernur Jawa Tengah. Mula, yen gubernure wae nganggo aksara Jawa, lha piye anak buahhe sing nok ngisor kaya walikota, pak camat lan pak lurah?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar