Senin, 09 September 2013

Ngesti Pandawa

Ngesti Pandawa iku salah sijine grup wayang wong sing ana ing kutha Semarang. Biasane pentas wayang wong iki bisa ditonton ana ing gedung Ki Nartosabdo, Taman Budaya Raden Saleh Semarang. Alhamdulillah, wingi aku enthuk wektu lan kesempatan mlebu ana ing gedung iku. Panggonane amba, lan ana panggung sing siap kanggo pentas. Nah, ana ing sak nduwure panggung iku ana tulisan nagnggo aksara Jawa, mula kamera digital ku dak jepretake kanggo njupuk gambar iku. Ayo, kira-kira apa macane tulisan iku?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar